Esuk
iki srengengene padang banget nganti tekan jendela kamar, aku banjur tangi lan
mbuka jendela. Hawane seger banget. Pitik jago padha kluruk mitanda yen wayah
wis esuk. Wit – witan lan suket ijo royo-royo ditetesi embun, nambahake rasa
seger,ayem,lan tentrem. Wong-wong padha mlaku menyang sawah la nana sing
ngeterke anake sekolah.
Nanging
esuk-esuk aku wis krungu suara tangise Warji tanggaku sing isih bocah umure 14
tahun kang kacek setahun saka aku ,kang wis ngrumat simboke sing lagi lara. Aku
banjur ngindhik-ngindhik ing jendela omahe Warji lan aku mrihatikna Warji kang
penuh kasih sayang ngrumat Simboke. Sabanjure iku aku mulih lan bongkar
celenganku sing wis setahun ora tau tak pecah. Aku kepingin nulung Warji supaya
ngringanake bebane. Warji nangis karo ngrangkul Simboke amargi Warji ora tega
ndhelok Simboke sing lara lumpuh ora bisa apa-apa. Wis rong tahun Simboke
lumpuh amargi tiba saka sepeda motor kaliyan Bapake Warji. Nanging Bapake Warji
kang ora slamet.Aku nyedhak ing lawang omahe Warji.
“Assalamualaikum”.
“Waalaikumsalam”
saut e Warji lan Simboke.
“Monggo
mlebet” dawuh Simboke Warji.Akhire aku mlebu ing njero omahe Warji lan aku
omong-omongan karo Simbok lan Warji, lumayan suwi aku banjur pamit lan
ngewenehi sekedik duwit kangge Simboke
Warji.
“
mboten napa-napa mbok, niki kula enten sekedik rezeki mugi-mugi bisa dadi
manfaat kangge panjenengan lan Warji mbok”.
“ matur suwun nggih mbak,mugi-mugi Gusti Allah
mbales niat apike sampean”.
“inggih mbok sami-sami”. Aku banjur medal
saking omahe Warji lan ngajak Warji mlaku-mlaku golek hawa sing luwih seger.
Ing saben dalan aku nyemangati Warji supaya ora pantang nyerah kangge ngerumat
Simboke. Tekan pinggir kali aku lan Warji mandhek lan omong-omongan .
”Warji”.
sapa ku .
”
dalem mbak” sauté Warji .
“
apa sing mbok rasakne sak wise kedadeyan iki lan sak durunge kedadeyan iki? “
pitakonku ing Warji.
“
emmm..mbiyen aku seneng mbak amargi wong tua loro ku isih seger kawarasan kabeh
.Aku ora perlu kerja kangge golek duwit kanggo mangan saben dina. Nanging sak
wise iki,aku kelangan Bapakku, wis ora ana maneh tulang punggung keluargaku
,Simbok ya lumpuh,ya mung aku sing ganteni posisine Bapak golek duwit kanggo
nyambung urip lan tumbas obat kanggo Simbok “jawabe Warji karo sedih.
“sing
semangat ya War ,aja pantang mundur ,Aku siap mbantu awakmu”.
“
matur suwun nggeh mbak “.Dereng bakdha gineman karo Warji,adzan dhuhur kaya
dene medhot ginemanku karo Warji. Akhire aku lan Warji mulih.
Aku
sibuk sekolah nganti ora ana wektu kanggo omongan maneh karo Warji. Sak minggu
aku ora ana wektu karo Warji lha ketepatan dina iki dina minggu.kesempatan
kanggo pethuk karo Warji . Aku ngampiri Warji ing omahe,lan nyuwun pamit kalih
Simboke Warji. Sak banjure iku aku karo Warji mandhek ing pinggire kali wingi
nane aku nyambung omonganku karo Warji sing kepedhot minggu winginane.
“
War , apa awakmu ora kepingin sekolah kaya kanca-kancamu liyane? “ pitakonku.
“ aku wis ora mikir tekan kana mbak,sing dak
piker saiki piye carane aku oleh duwit akeh kangge ngobati Simbokku “.
”Apa
keinginanmu kanggo nggayuh cita-citamu kuwi sing wis ilang?”. Lumayan suwi,sak
durunge Warji jawab.
“ saktenane aku kepingin sekolah sing dhuwur
kangge nggayuh cita-citaku nangis pengenku kuwi wis tak kubur sing njero amargi
supaya aku ora nambah beban Simbok”.
“ Nangin awakmu bisa sekolah sinambi kerja
War, Apa ora nduwe niatan kaya ngono. Iku malah luwih gampang kangge nggayuh
cita-citamu. Suk mben awakmu sukses,kesuksesan kuwi bisa mbok gawe hadiah
kangge Simbokmu,Simbok karo Bapakmu mesti seneng,masio Bapakmu wis ora ana”.
Omongku ing Warji .
“
Aku wis mikirna kuwi tekan mbien awal,nanging aku isih bingung amargi biaya
sekolah kuwi ora mung sekedik”.
“ awakmu kan kapernah entuk biaya siswa
berprestasi. Awakmu bisa ngembangna bakatmu War.” Sautku.
”
Aku mikir mikir dhisik”.
Akhire
aku karo Warji mulih. Aku sekolah sinambi golek informasi beasiswa murid sing
berprestasi. Akhire aku nemokne sekolah sing pas kanggo Warji. Banjur angger
wengi aku dedungo kangge kancaku Warji,mugi-mugi bisa sekolah maneh. Esuk-esuk
aku ngampiri Warji kangge nakoni kepriye jawabane
“War,kepriye
jawabanmu?”
“Aku
sampun njaluk ijin kaliyan Simbok,Simbok ngijini mugi-mugi niatanku iki
diridhai kalih Allah swt”
“
Alhamdulillah amiin ya Allah, yaw is mumpung isih esuk ayo tak terne ing
sekolahan sing nampa lan ngewenehi beasiswa siswa berprestasi !”.
Aku lan Warji banjur rawuh ing sekolahan,
sakwise pendaftaran,Warji langsung diutus tes kanggo nentukake klebu orane lan
Alhamdulillah Warji ditampa ing sekolah iku. Aku ,Warji lan Simboke bersyukur
amargi Warji bisa sekolah maneh.senajan Warji kudu luwih kesel amargi kudu
mbagi wektu antarane sekolah lan kerja nanging kuwi kabeh ora dirasake,amargi
warji yakin Gusti Allah ingkang Maha Adil ,ingkang maringi dalan kanggo
ngrampungake masalah-masalah hambane.
Akhire aku lan Warji bisa sekolah bareng kanggo nggayuh
cita-cita,amargi sekolah iku penting kangge masa depan supaya kita nduwe arahan
kang bisa urip sing luwih bener lan apik.

